Tampilkan postingan dengan label Dongeng. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Dongeng. Tampilkan semua postingan
Selasa, 18 Juni 2013

Hastakarya Boneka Tali dari bahan bekas

Hastakarya Boneka Tali dari bahan bekas Karya Siswa Kelas 2 SD N 1 Kebumen.

UKK SBK Kelas 2 Semester 2 Tahun 2013, siswa kelas 2 SD N 1 Kebumen diberi tugas untuk merangkai bangun datar yang terbuat dari bahan-bahan bekas menjadi bentuk boneka tali.

Dalam kegiatan ini siswa terlihat sangat antusias dan senang sekali. Mereka berlomba-lomba untuk merangkai dan menghias boneka sebagus dan serapi mungkin.

Hastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SDHastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SD 1

Siswa yang telah selesai merangkai dan menghias boneka talinya  tak mau tinggal diam, dengan senangnya mereka membantu teman-temannya yang masih kesulitan.

Hastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SD 2Hastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SD 22Hastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SD 23

Bangun datar ( matematika ) mereka rangkai menggunakan lem dan tali

Hastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SD 21Hastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SD 211

Saat pembuatan mereka saling bekerja sama dan membantu ( PKn )

Hastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SD 212Hastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SD 214

Kegiatan Selanjutnya, siswa berpasangan melakukan percakapan sederhana menggunakan media Boneka Tali milik mereka.( Bahasa Indonesia )

Hastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SD 2144Hastakarya Boneka Tali siswa kelas 2 SD 216

Senin, 22 April 2013

Dongeng Kancil lan Bruno–Bahasa Jawa

Kancil Nyolong Timun Versi 2

Kancil Lan Bruno

Ing sawijining ing desa Dadapan urip keluwarga mbok Randa Dadapan karo anake wadon sing jenenge Menur. Bojone wis mati sepuluh tahun kapungkur. Saiki Menur wis dadi kembang desa lan umure wis 17 taun. Mbok Randa Dadapan supaya ora kesepian pengin anake Menur cepet-cepet ndang dadi manten wae. Kebeneran ana pemuda desa sing jenenge Tole Lanang pengin ndadekne Menur dadi bojone. Kamangka iku mbok Randa Dadapan wis siap-siap areng nganakne pesta kawin kanggo anake Menur

Bojone mbok Randa Dadapan seda kanthi menehi warisan sawah rong hektar. Kanthi bantuwan wong-wong sak desane, sawahe mbok Randa mau ditanemi pari lan palawija kayata kacang lanjaran, kacang dele, waluh, timun, lan semangka. Amarga lemah ing desa Dadapan iku subur-subur, kabeh tanemane mbok Randa mau ya subur-subur lan werna-werni ndemenake. Ana sing wernane abang, putih, kuning, ijo lan ungu

Neng rerembukan alas cedake Desa Dadapan urip sakwijining kewan cilik sing terkenal akeh akale. Bentuk kewane meng kaya wedus utawa kidang, ning cilik, pada wae gedene karo anakan wedus utawa anakan kidang. Jenenge kewan kuwi si Kancil. Kancil wis suwe idune ngiler ndelok kasil sawahe mbok Randa sing subur makmur, utamane timur sing seger lan semangka sing legi-legi seger. Pokoke si Kancil mikir, cepet utawa suwi aku kudu nyolong timun lan semangkane mbok Randa. Tapi dasar pikirane Kancil sing pinter, deweke nggak pengin mung mangan timun tanpa oleh sing liyane. Apa kuwi sing liyane ?

Kancil Lan BrunoJebul wis suwe si Kancil pengin dadi mantune mbok Randa lan ngawini anake mbok Randa sing dadi kembange desa Dadapan, yakuwi si Menur. Tanpa sadar, si Kancil wis suwe neroake apa wae sing biasane dilakoni karo Tole Lanang calon bojone Menur. Tapi amarga wetenge luwe, si Kancil pengin ndang cepet wae mangan timun neng kebone mbok Randa. Mangka kuwi esuk-esuk jam 7, si Kancil wis mulai nyolong timun neng kebone mbok Randa. Pas enak-enak mangan timun lan cangkeme kebak timun, si Kancil ditangkep karo mbok Randa dibantu karo akeh wong lanang neng desa Dadapan. Kancil terus ditangkep lan dikerangkeng nganggo kurungan pitik lan dijaga karo si Bruno, asune mbok Rana

Kancil Lan BrunoDasar Bruno kuwi asu preman, si Kancil sedela-sedela diwedeni nek areng dibeleh lan dianggo pesta wektu mantene si Menur lan Tole Lanang. “Wah celaka, penginku kawin karo Menur kok malah aku diwedeni terus karo si Bruno”, pikire si Kancil. Kamangka kuwi, ing sak wijining dina si Kancil nyeluk si Bruno, “No..No..mrenea disik No, aku ana kabar penting iki”, si Kancil nyeluk si Bruno. “Kabar penting apa ?”, pitakone si Bruno. “Ngene No, aku iki dicekel mbok Randa amarga aku arep didadekne manten karo Menur anake mbok Randa Dadapan, soale mbok Randa sak jane ora seneng si Menur bakal dilamar Tole Lanang. Senenge mbok Randa ya Menur didadekne manten karo aku, si Kancil sing paling cerdas sak ndonya iki No. Ngerti kowe ra, asu goblok ?”

Pancen Bruno asu iku pikirane cupet. Ning keasuan Bruno tersinggung disebut asu goblok karo si Kancil, kamangka kuwi Bruno nyoba ngrayu si Kancil, “Cil..cil, aku pengin lho dadi mantune mbok Randa Dadapan lan dadi manten karo Menur sing ayune uleng-ulengan kuwi. Wis aku wae sing dikurung neng kono. Mengko kowe tak wenehi 100 wiji timun lan panganen sak waregmu, asal kowe gelem tak genteni”. “We…enak bae, aku wis meh dadi mantune mbok Randa lan dadi bojone Menur kok mbok genteni. Ngene wae, wis timun lan 100 benggol duwit Landa ngge aku. Gelem ora ?, pitakone si Kancil marang Bruno. “Yo wis man, deal yo…?”, Bruno jungkir walik sak senenge…

Akhire Bruno mlebu kurungan pitik, lan si Kancil isa ngirup udara bebas…

Sepuluh tahun sak wise kuwi, Bruno mati tuwek neng kandange. Si Kancil urip bahagia merga dadi manten karo si Kumang, kancil wedok lan oleh anak loro, sing siji lanang dijenengake si Kancil Jr. dan sing nomor loro wedok dijenengake si Kumang Jr.

Tutuge mengko disik ya…

Dongeng Kancil Lan Merak–Bahasa Jawa

SIGIT SETIYAWAN Bahasa Jawa, Dongeng, Kelas 2 SD
Sabtu, 20 April 2013

Dongeng Kancil Nyolong Timun Pak Tani

Sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir alas. Ora krasa lakune tekan kebonan timun duweke Pak Tani. Nonton ana timun ijo-ijo katon seger, Kancil dadi luwe. Sabanjure Kancil lingak-linguk goleki sing duwe kebon timun. Amarga ora ana Kancil banjur mangan timun siji mbaka siji sampe wetenge wareg.
Sawise krasa wareg Kancil banjur mulih alas. Kancil dadi tuman mara menyang kebon timune Pak Tani kuwi mau. Saben dina Kancil nyolong  timune Pak Tani. Suwene suwe Pak Tani krasa menawa timune  saya kelong mbaka sithik.

Dongeng Kancil Nyolong Timun Pak TaniPak Tani banjur ngindhik sapa sing nyolong timune kuwi mau. Bareng wis diindhik lan ngerti menawa sing nyolong timun iku Kancil, Pak Tani gawe jebakan kanggo Kancil. Pak Tani gawe wong-wongan kang diwenehi pulut nangka lan di pasang ana ing kebon timun.

Esuke Kancil mara maneh ana kebon timun, dumadakan kaget ana wong ing tengah kebon timun. Kancil banjur mlayu sipat kuping, tapi bareng krasa ora dioyak kancil mandeg. Kancil mara maneh alon-alon karo ngawasake wong kuwi mau. Bareng cedhak Kancil ngguyu dewe, “o…alah…jebul mung wong-wongan to ?”

Kancil sing rumangsa kapusan terus ngantemake tangan tengene ing wong-wongan kuwi mau,  tangan tengene dadi tumemplek kelet ora bisa diuculi. Kancil banjur ganti ngantemake tangan kiwane ana ing wong-wongan. Tangan kiwane uga dadi melu tumemplek kelet ana ing wong-wongan. Kancil sangsaya nesu rumangsa di cekel karo wong-wongan, banjur nendhangake sikil kiwa lan sikil tengene ana ing wong-wongan. Saiki Kancil wis ora bisa obah, tangan loro lan sikil loro tumemplek raket ana ing wong-wongane Pak Tani.Kancil mung bisa ketap-ketip ngenteni nasib karo mbrebes mili.

Pak Tani wayah sore mara ing kebon timune weruh Kancil tumemplek raket ana ing wong-wongane banjur nyedhak.”Kecekel rak kowe cil…mula aja sok seneng nyolong timun ing kene….tak gawa mulih terus tak masak gule kowe mengko.” Ngono kandhane Pak Tani sinambi nguculi Kancil saka wong-wongan lan nggawa mulih kancil.

Kancil dikancing ing kandhange Pak Tani. Ing jero kandhang wayah bengi Kancil dicedhaki kirik ingon-ingonane Pak Tani. “Cil….ngapa kowe neng kene?” mengkono pitakone kirik kuwi mau. Kancil banjur cerita manawa deweke arep didaupake karo anake Pak Tani, makane saiki ana kono. Kirik kuwi mau rumangsa srei. “La…kok enak kowe cil,…kudune aku sing didaupake karo anake Pak Tani ora kowe amarga aku wis melu neng kene suwe”. Kirik rada nesu.

Ing jero ati Kancil ngguyu banjur nerusake pokale, Kancil nawani apa Kirik gelem nggenteni ana jero kandhang lan didaupake karo anake Pak Tani? Kirik seneng banget ditawani ngijoli Kancil sing arep didaupake anake Pak Tani kuwi mau. Ora nganggo mikir dawa maneh Kirik kuwi banju nguculi Kancil saka jero kandhang lan deweke ganti mlebu kandhang dikancingi Kancil.

Kancil banjur mlayu sipat kuping, ing jero ati bungah banget bisa ucul saka kandhange Pak Tani sing mesthi ucul saka bebaya. Bejoku ana kirik sing bodho gampang diapusi mangkono bathine Kancil. Ing kandhang Kirik ngenteni karo ngguya-ngguyu rumangsa seneng atine arep didaupake karo anake Pak Tani. Pak Tani sing mbukak kandhang esuke kaget baget ngerteni sing ana jero kandhang mau Kirike dewe. Pak Tani nesu banjur gebugi Kirik sing ana ing jero kandhang kuwi mau. Amarga bodho gampang diapusi Kirik dadi tatu kabeh awake.

SIGIT SETIYAWAN Bahasa Jawa, Dongeng, Kelas 2 SD

Dongeng Kancil Lan Merak–Bahasa Jawa

Kancil Lan Merak

Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.

Kancil Lan Merak“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!” Dongeng Bahasa Jawa

Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!” Dongeng Bahasa Jawa

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.


dongeng jawa
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah Dongeng Bahasa Jawa
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu
wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”  Kancil ora nggagas, malah gage pamitan.

Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuluuuung....!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.

Demikian cerita / dongeng bahasa jawa dengan judul Kancil Dan Merak
Semoga bermanfaat....

http://www.heru-blog.com/2012/01/dongeng-bahasa-jawa-kancil-dan-merak.html

SIGIT SETIYAWAN Bahasa Jawa, Dongeng, Kelas 2 SD